June 6, 2023

Rembang TV

TV nya Orang Rembang

Sejarah Asal Usul Desa Bulu

Marsyam(penutur sejarah Desa Bulu)
      Asal mulane desa bulu yaiku tiyang Kediri mlebet wonten ing daerah mriki piyambake niku sak rombongan rumaos kesel ,rumaos panas piyambakke ngaop ning ngisor wit gede, wet gede mau diarani karang wet Bulu. Ting mriku piyambakke ngasuh ing sawetara piyambakke terus mangkat maleh moro wetan,dugi tengah-tengahe Dusun mriki trus anak buahe kantuk alangan, piyambakke iku kesrimpet wet tales,Tibo, piyambakke ngadek maleh mlaku kibiyak ing Pati meniko kepaten, dugi tengah-tengah desa mriki niku sing bakdo kesrimpet tales niku wauterawit pari niki pari wonteng wulune utawa pari wulu niku mripate kecolok kaleh pari niku wau, piyambakke mboten saget mlampah lan mboten ngertos dalan, dituntun sadulure trus dugi mriki kepethok kaleh tiyange jinggak,terus tiyange jinggak niku wau tangklet ” iki mau podo soko ndi? Kog iso koyo ngene kenopo?” Tiyange kediri cerita ” niki wau ngeten piyambakke mlampah kesrimpet wet tales, piyambakke tibo trus mlaku maleh kecolok kaleh wet pari niku wau, trus nggeh niki mboten ngertos dalan.” Kyai jinggak “oooo nik ngunuw iku mau asale soko ndi? Asal usule soko ndi?” Lha trus cerita nk kiyambakke iku soko Pati, kebuyak kaleh pandawa Pati, asale piyambakke diarani maling, piyambakke ngaku maling ning maling ora kanggo awake dewe nanging maling kanggo tetulung sing ora duwe-duwe niku. Tetulunge kuwi apik nanging sing ora apike karo negara kuwi yo nyolonge kuwi mau. ” wes ora po po wong kuwi ora kanggo kuwe nanging kanggo nulung sanak kadang sing butuhno bantuan.” Lha trus ngeniki piye? Trus piyambakke cerita, mlayu melbu daerah mriki kok wonten wet gede niku ayom utawa ngrobyong trus tangklet tiyang ketigo niku wau.” “Ooo wet sing kulon niku wau?iku jenenge wet Bulu.” Nek ngunuw deso iki tak jenenge Desa Bulu masalahe kuwe entok pengayoman soko wet Bulu. Lha punakawanem entok alangan ngene, sok mben anak putuku sing manggon ning deso kene ojo nganti pisan-pisan nerak larangane. Sepisan pari bulu, kapindo wet tales,sing kaping telune kedele. Iku nek nganti mbok langgar ngko nk ono apa-apane ojo salahno aku. Ngasi sak niki wong Bulu mboten putun nandur pari bulu, nandur tales dempel, karo nandur kedele, kanthok mangan ning ora kanthok nandur. Trus kiyai jenggot niku pesen kaleh masyarakat mriki sing dijaluki ojo ngasi pisan-pisan niku ningg wewaler utawa ninggal naluri. Dadi lurah ting mriki, perangkat ting mriki ojo nganti nglewakno masalah naluri, pisan sasi siro ing dino jumat legi iku ojo nganti nglewakno utowo ojo nganti lali syukuran utawa hajatan ing daleme kyai jenggot mriki. Niku wau wonten pantangane, pantangane yoiku nem sasi selo mboten teng mriki bancakane nanging ning nggone asi bethek, ning asi bethek kuwi pantangane nek syukuran utawa hajatan sesajine ojo nganti lurah nggowo gemblong ning nggone asi bethek.

 Kyai jenggot niku istilahe sesepuh mriki utawa pemuda mriki adai nk enek opo-opo niku lurah dikabari. ” dino iki sek ati-ati, iki ono sek ora apek. Pas dino rabu pon mesti wonten maling.” Kudune perangkat iku ileng masalah naluri, dadi nk ono opo-opo iku iso bantu. Kyai jenggot iku asli kados turas petarap kepasrahan dados mata-matane londo. Nek masalah godong tales dempel niku katahe nek cah cilik podo panas, lha nek enek sek nandur pari niku ngerti dalan niku d tambakakae ting rumah sakit mboten mari, niku marine digoletake wong tuo, nik pingin mari kudu larine di jabuti.

Sumber: RembangTV